Senin, 19 Juni 2017

PITUNGAN NANDUR TANDURAN

PITUNGAN NANDUR tanduran piturut jowodwipo iku yo macem-macem. nanging ing kene kabeh mau podo wae sing digawe patokan, yoiku drijine dewe

yen tanduran keleman utowo dipendem iku sing apik nandure ono ing dino 7, 10, 13, 16

Yen tanduran jenise wit-witan sing di purih kayune utowo kayon sing apik ono ing dino 8, 11, 14, 17

lan tanduran woh-wohan utowo kembang kuwi apik e ditandur ono ing dino 9, 12, 15, 18

conto tulodho:

pak sukir kate nandur pohong/sepe/singkong/bulit, luwih becik nandure ono ing dino seloso wage.

yen kate nandur pelem/mangga/pencit sing apik nandure ono ing dino sabtu pahing

iku ngono pitungane wong
wong sing gawe dino - dino sing gawe wong

kabeh mau sing ngatur mung Gusti ALLAH Ingkang Maha Kuoso.

Minggu, 18 Juni 2017

PITUNGAN BANGUN OMAH UTOWO KANDANG

PITUNGAN gawe mbangun Omah utowo kandan kudu sing apik, amargo mengkono ono pirangane neptu ing jawa dwipa
ojo lalipitungan dino lan pasaran sak banjure di jumlah dadi neptune dino

yen kanggo mbangun omah lan kandang, itungane ono limang perkoro, yoiku :

1. Kerto
   tegese, gampang disetakne wong liyan

2. Yoso
     tegese, gampang somah. sopo wae sing manggon utowo mertamu menyang omah bakale betah

3. Candi
     tegese, aman lan nyaman. sopo wonge sing manggon bakale urip sempulur (mugi-mugi mawon)

4. Rogoh
    tegese, gampang kemalingan. omah yen dibangun ing dino sing neptune turah 4, iso wae gampang kemalingan

5. Sempoyong
    tegese, gampang rusak. omah yen gawene ketemu jangkep limo bakale gampang rusak sak mergo-mergo

tulodho

pak slamet gawe omah ing dino seloso wage, yen diitung dino seloso = 3, pasaran wage = 4, ketemu neptune = 7. yen diporo limo turah 2, dadi tibo yoso.
nanging amergo ono pitungan liyo sing nglarang miwiti mbagun omah ing dino seloso wage amarga ora kanggonan tanggal. (pitungan dino ora kanggonan tanggal).
dadi masio tibo yoso yo ojo mbangun omah utowo kandang ing dino seloso wage

kabeh mau jenenge pitungan
sing mitung yo wong, wong sing gawe pitungan

nanging kabeh iku ono sing ngatur, yoiku GUSTI ALLAH Ingkang Maha Kuaos.